Sabtu, 08 Februari 2020
PAKAIAN ADAT JAWA TENGAH
Pakaian Adat Jawa Tengah
1. Klambi adat resmi Jawa Tengah
Klambi adat resmi Jawa Tengah diarani Jawi Jangkep lan Kebaya. Jawi Jangkep yaiku klambi priya kang antarane ana kelengkapan kang digunaake kanggo perlengkapan adat. Jawi Jangkep iku arupa ndhuwuran yaiku klambi beskap motif kembang – kembang, lan ngisoran kang arupa kain jarik kang dililitake ing bangkikan, destar arupa blangkon, sarta pernik – pernik kang arupa keris lan cemila (sandal). Dene kebaya yaiku klambi adat piyantun putri kang arupa ndhuwuran yaiku kebaya, kemben, stagen, kain tapih pinjung, kondhe, sarta maneka rupa pernik – pernik kang arupa ali – ali, subang, kalung, gelang, lan kipas. Ing kasunyatane, panganggone klambi adat mau diatur kanthi adhedhasar strata utawa kelas sosial prinyatune.
Kebaya
Ing umume, kebaya digawe saka bahan kain katun, beludru, sutera brokat, lan nilon kang warnane padhang, kaya ta putih, abang, kuning, ijo, biru, lan sapinunggalane. Dene model kebayane ana kang arupa kebaya dhawa kang dhawane nganti tekan dhengkul, lan kebaya cekak kang dhawane mung nganti sakdhawane bangkikan. Ing bagian ngarep, yaiku bagian dhadha, ana kain persegi panjang kang nduweni fungsi nyambungake sisi kiwa lan tengen. Kanggo ngencengake lilitan mau, piyantun putri biasane nganggo stagen kang diubetake ing weteng nganti sak enteke stagen mau. Supaya ora katon saka njaba, stagen banjur ditutupi nganggo selendang pelangi kang rupane cerah.
2. Pakaian Pengantin Adat Jawa Tengah
Sakliyane klambi resmi, ugo dimangerteni saperang jinis klambi penganten adat ing sajroning adat Jawa Tengah. Klambi pengantin mau akeh cacah ragam lan renane gumantung saka adicara kang lagi kaleksanan. Ing adat pernikahan Jawa, ana saperangan upacara ritual kang kudu dilakoni dening pinanganten keloron. Upacar-upacar kuwi yaiku ana kang disebut midodareni, upacara ijab, lan upacara sakbanjure ijab. Ing saben upacara mau, penganten wajib nganggo sperangan klambi penganten kang bisa dipilah dadi kaya ing ngisor iki:
Upacara Midodareni
Ing upacara midodareni, klambi pengantin lanang yaiku klambi Jawa Jangkep kang antarane ana klambi atela, sikepan, udheng, sabuk timang, kain jarik kanggo ngisoran, keris, lan sandal selop. Dene penganten wadon nganggo busana sawitan. Busana sawitan mau yaiku kebaya lengen dawa, stagen, lan kain jarik kang motife batik.
Upacara Ijab
Ing upacara ijab, klambi kang dianggo ening penganten wadon yaiku klambi kebaya lan kain jarik, dene penganten lanang nganggo klambi telesan. Klambi telesan kang dimaksud yaiku klambi saka dodot bangun tulak, kulu matak petak, sabuk lan timang cinde, stagen, lan kathok dawa werna putih, keris warangka ladrang, lan sandal selop.
Upacara Panggih
Ing upacara panggih, penganten keloron nganggo klambi adat Jawa Tengah kang diarani klambi telesan. Klambi telesan yaiku kemben, dodot bangun tulak (kampuh), selendang sekar cinde abang (sampur), lan kain jarik motif cinde sekar abang. Kajaba saka kuwi, anak saperangan perhiassan kang dipaang ing pemganggone pengantin wadon. Dene penganten lanang, perhiasan mau yaiku kalung ulur, ali – ali, timang/epek, bros, lan buntelan.. dene penganten wadon perhiasane yaiku cunduk mentul, centung, jungkat, kalung, ali-ali, gelang, bros, subang, lan timang.
Upacara Sakbanjure Panggih
Ing upacara sakbanjure panggih, penganten keloron nganggo klambi kanigaran (wanita) lan klambi kapangeranan (pria). Klambi kanigaran yaiku klambi kebaya kanggo ndhuwuran, kain jarik, stagen, lan sandal selop. Dene klambi kapangeranan yaiku stagen, kuluk kanigara, sabuk timang, kain jarik, klambi takwa, keris warangka ladrang, lan sandal selop.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Mantap
BalasHapusGood
BalasHapus